Sudirman mimpin perang gerilya, munggah mudun gunung mlebu metu desa. Musuh dicegat nganggo udan barat dongane direwangi para Malaikat. Sudirman panglima besar, wis kondang neng ndi papan mimpin perang lagi nandang gerah semangate pantang menyerah.
OWABONG
Mula bukane pemandian neng Bojong Sari, sing digagas dening bapak Bupati. Kolam renang, ora lumrah gedene kebanggaan Purbalingga lan tanggane. Bayu ombak taman lan plorotane, tua enom, lanang wadon pada bungaeh ana sing sileman ana sing ciblonan, banyune bening kena nggo kesehatan.

Obyek wisata bojong Sari, banyune pada metu neng endi-endi, tuk banyu mudal lan sumur sinasaban dadi siji kali kemrusuk buntutane. Snajan mangsa terang mangsa rendeng, banyune pada mete segelem-gelem. Senajan banyune krasane adem, dinggo kungkum awak dadi seger ayem.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar