Senin, 08 November 2010

Rencana Gawe JAKET

Lamon aku ora salah inget, dina setu mlm minggu tgl 23 Oktober kanca lan batir D-Pox pada ngumpul neng Cengkareng guna silaturahim sekalian rembugan gawe jaket........
Sing pada ngumpul jebule akeh juga loh ana kumandan dangak, thikil, welok, Jebag Darmin, Jador, pepeng, Ari, Emping, Eli, Srianto, Rudi dll.
Sesi sing pertama go ngrembug model jaket. Ana sing usul bahane kudu sing ora gampang bolong kena bamba rokok, sebabe Sedulur kabeh sing akeh pada doyan mbako alias ngrokok. Terus ana sing ngusulna jere bahane kaya switer bae sing anget tur bisa ana khetune. Trus maning jere mending bahan parasit bae sing alus, tp uga sing apik. Nah alhamdulilaeh pisan kumendan Dangak nggawa jaket sing kena go contoh. Akhire pada setuju modele kaya jaket sing dienggo neng Dangak.
Sesi keloro dirembug go gawe gambar, logo, karo tulisan sing mengko dibordir neng jaket kue mau. Ya pada bae kaya sing pertama mau, ana sing usul kie, kae, lah pkoke werna-werna, uga tetekmbengek usulan pada pating clorot pada metu sekang mulut sedulur kabeh. Ya maning-maning sidane sing detrima usule Dangak. Dangak aweh contoh gambar neng HP sing akhire bisa diterima lan disetujui nggo gawe logo. Terus Tulisan, kesepakatan rembugan gawe tulisan uga ora kalah rame kaya sing pertama lan keloro. Sedulur kabeh pada usul jere kon di jenengi WAROK, WADAS, CHIGOENK lah pokoke ya werna-werna usulan pada metu. Nah akhire sing dijiot sekang usulan-usulan kue mau CHIGOENK sing arep dinggo nama jaket.
kurang lewieh kaya kue sedulur, wis disit matur thank youNI yah...

Tidak ada komentar:

SUTRISNO