Rabu, 16 Maret 2011

MADEIH

Sebenere saben-saben wong due watek sing nyebeli. Madeih, nyengiti, njeleih, mangkeli, medededi, mblengeri, sgandog (maregi) nek aku sing ngomong. Kata-kata kue sing lagi tek rasa. Jane mbuh kenang apa aku be bingung, kadang ijig-ijig madeih bae sifate. Apa mergane watek apa kpriwe aku dewek ya bingung. Tapi sebenere aku juga kadang wadeh, sebel, ming wateke dewek. Kepriwe carane gole ngilangna watek sing kaya kwe ya..???

Akeh pikiran, ndeleng glagate wong sing madeih juga menurute aku bisa gawe sifat madeih sing neng awaku metu. Kaya siki kieh, mbuh kenang apa sifat ku sing madeih lagi metu. Apamaning nek diprentah neng wong sing ora disenengi, sebenere si udu wonge sing madeih, tapi lewih kesifate wong mau. Wong nek sifate madeih, mededegi, maregi, nyengiti bisa nular ming wong sing neng sekitare. Maksude bisa gawe wong lia dadi mededeg.

Apamaning nek jarake lagi perekan kaya kiye kyeh, jan, maregi banget, segandog pokoke. Moga-moga ora ngerti wonge nek aku mededeg ming sifate.

Tidak ada komentar:

SUTRISNO